Sabtu, 28 Juni 2014

ANALISIS CERITA DONGENG ANAK BAHASA JAWA 
JUDUL DONGENG " Jagung sing Dak Enteni "



BAB I
AWALAN
      A.  Wiwitan
1.      Praduga (Alasan Rumusan Perkawis)
Wonten ing basa Jawi, cerios dongeng asring dipun tegesi “dipaido yo keneng”. Teges punika ugi leres amarga biasanipun mboten logis, mboten kasunyatan utawi khayalan kemawon. Tindak saking anggapan kados punika, wonten tiyang sepuh ingkang nggadahi pandangan menawi wonten zaman ingkang sampun modern punika dongeng mboten trep utawi mboten pas menawi dipun paringaken wonten lare-lare, ugi wonten tiyang sepuh ingkang nggadahi anggapan menawi imajinasi utawi khayalan punika ingkang dimenehke lare nggih punika mboten guna. Lare-lare kedhah dipun didik kanthi rasional, lan dipun kemotke wonten ing dunya ingkang nyata. Ana ning leres lan mboten kalih anggapan punika mboten saged dipun pungkiri berimajinasi utawi berkhayalan menika salah satunggaling panggenan kang wonten ing lare-lare sedaya. Babagan punika saged dipun tingali menawi ingkang umume lare-lare remen kalihan dongeng, ngantos-ngantos lare-lare mboten nate pernah bosen mirengake dongeng ingkang asring dipun ceriosaken kalihan Guru nipun pendhak dinten wonten sekolahan.
Kagem lare-lare dongeng mboten kedhah logis, nggih menika dipun sebabaken daya khayalan lare-lare taksih nggadahi peran utawi dipun saged tegesi menawi kasunyatan (kedadeyan/realita) lan khayalan mboten saged dipun pisahaken saking panguripan lare-lare ing alam ndonya. Lare-lare asring nggadahi bayangan wonten sedaya kemawon. Uga wonten ing wekdal punika lare-lare asring nglakokne dolanan-dolanan ingkang dipun gadahi kayata kenyataanipun. Kaliyan biasanipun lare-lare ngajak ngedhikan kaliyan dolananipun kaliyan dipun gebuk menawi dolananipun ndamel jengkel lan duka wonten ing jroning ati lare-lare.  Kados pundi lare nggih menika nggih lare ingkang nggadahi watak, sikap, lan kabutuhan ingkang mboten sami kaliyan marang tiyang-tiyang ingkang sampun dewasa. Lare-lare remen mbetahaken wujud perkembangan kepribadiannipun ingkang rata, mboten saking segi rasional utawa akal pikiranipun kemawon.
Kados punika cerios kaliyan fantasi nggih menika salah satunggaling tetenger utawi ciri ingkang dipun nggadahi marang lare-lare sedaya uga nggadahi peran ingkang ageng lan saged nambah khasanah  pengetahuan lare kaliyan ngemabangaken kemampuan lare wonten ing ekspresi.  Lare SD taksih remen mirengaken dongeng bocah ingkang trep kaliyan umuripun, kita sedaya mendhet dongeng bocah kanthi judul “  Jagung sing Dak Enteni” amargi ceritanipun nggadahi isi utawa surasa ingkang becik sanget kagem lare-lare SD. Dongeng kasebut nyritaaken lare kaliyan kaluwarganipun menawi ing mangsa rendheng ingkang ndamel gregetan ana ning sanged ndamel bungah ing ati amargi saged nanem kacang, jagung, pari lan sapanunggalannipun. Wonten ing cerios kasebut wonten lare wadon ingkang asmane Wuri, lare wadon ingkang sregep mbiyantu bapak kaliyan ibunipun nanem kacang lan jagung wonten ing mangsa rendheng amargi bapaknipun Wuri nggih menika ugi among tani mboten benten kaliyan sanesipun.  Wuri taksih sekolah kelas VI wonten ing SDN 2 Manjung. Wayah prei Wuri kaliyan Mbakyunipun ingkang taksih sekolah ugi mbiyantu Bapak kaliyan Ibunipun ulur kacang kaliyan jagung. Lare kalih punika lare ingkang prigel lan sregep mbiyantun tiyang sepahnipun wonten saben mbendinanipun.
Wonten wanci subuh bibar solat lajeng mbiyantu Ibunipun mangsak. Bibar mangsak kaliyan sarapan lare niku ugi mbiyantu Bapake ingkang badhe uwur kacang kaliyan jagung dhateng saben ngantos siang. Saben ingkang kagunganipun Bapak Wuri ugi lumayang jembar kirang langkung setengah hektar ananing lare wadon punika mboten nate mutung amargi dhewekenipun mbiyantu Bapake nganthos leres, sregep, lan wayah prei ingkang saged mbiyantu bapaknipun wonten sawah. Panas srengenge mboten ngalangi lare wadon punika kaliyan mbakyunipun ingkang mbiyantu tiyang sepahnipun. Wanci luhur tiyang kaleh punika wangsul dhateng griyanipun lajeng mangke bibar asar wangsul malih dhateng saben. Sak sampunipun dugi saben lare wadon ingkang asmanipun Wuri punika trenyuh dhateng tiyang sepuhnipun amargi sabar kaliyan premati anggonipun ngolah saben.
Miturut ceritanipun, Wuri ugi lare ingkang sregep solat wonten wayah magrib dhewekenipun solat wonten langgar sesarengan rencang-rencangnipun. Wuri lare ingkang mboten nate manja kaliyan sambat sanadjan raganipun pegel, kesel kaliyan ngantuk sanget. Wuri pengen dados lare ingkang bekti kaliyan tyang sepahnipun mula dhewekenioun kedhah sregep nyambt damel, sregep sinau kaliyan uga sregep ngibadah supados saged dados lare ingkang diimpekake dhateng tiyang sepahnipun. Saking cerios kasebut, saged dipun trapaken dhateng lare SD, amargi lakon wonten jero cerios kasebut nggadahi watak prigel kaliyan sregep mbiyantun tiyang sepahnipun nyambut ndamel lan sregep slat ugi ngibadah supaya dados lare ingkang saged dimpekake dhateng tiyang sepahnipun kaliyan saged ditrapaken wonten lare-lare SD sedaya wonten ing kauripane.
2.      Rumusan Perkawis
a.       Kados pundi cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” ?
b.      Pripun amanatipun saking cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” ?
c.       Kados pundi caranipun ngudi amanatipun cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” dhumateng lare SD ?
d.      Kados pripun unsur instrinsik wonten cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” ?

BAB II
 ISI

       B. Amanatipun cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni”
1.      Carios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni”.
Mangsa rendheng cocok kangge makaryo para among tani, bias gawe nandur kacang, jagung, pari lan akeh meneh. Koyo dene Bapak lan Ibuke Wuri lan Dewi sing dadi among tani, Wuri sekolah ing SDN 2 Manjung kelas VI. Dewi iku mbakyune Wuri, saiki sekolah ing SMK, kelas III. Saben esuk, Wuri tangi ing wayah adan Subuh banjur sholat Subuh, rampung sholat Subuh banjur ngrewangi ibu lan mbakyune mangsak. Dino iki Wuri lan Dewi diajak ngrewangi Bapak lan Ibu uwur jagung ing sawah. Amargo mumpung dino minggu, dadi Wuri lan Dewi prei, bias ngrewangi Bapak lan Ibu nyambut gawe. Wayah luhur, Wuri lan Dewi leren kanggo sholat Luhur, ananging oleh bali menyang sawah sak wise Asar yen Wuri lan Dewi ora krasa kesel. Wuri ngajak mbak Dewi ngrewangi Bapak lan Ibu maneh sak bubare Asar. Amargo Wuri ngerasa mesakne marang Bapak lan Ibune, panas-panas ning sawah ora ana sing ngrewangi. Srengenge sing wis ndelik, mertanda wis sore. Bapak ngajak ngrampungne lan bali sak durunge kesoren. Wuri lan Dewi banjur milih dhisik, Bapak lan Ibu nyusul amarga nggawa suket kanggo wedhus ing ngomah.
Saben magrib, Wuri sholat ing langgar bareng kanca-kancane, Qorik, Alpi, lan Reta. Wengi iki Wuri krasa kesel banget, nanging Wuri kudu kuwat supaya bias gawe seneng Bapak lan Ibune. Wuri pengen dadi anak sing bekti, mula Wuri kudu manut yen dikon, sregep nyambut gawe, sregep solat lan ngibadah, supaya dadi anak solehkah kang di impekake Bapak lan Ibu. Sakdurunge turu, Wuri solat Isya lan dongo marang Gusti Allah, supaya jagunge Bapak lemu-lemu lan asile apik, panen akeh lan payu. Wuri uga pengin matur marang Bapak yen pengen ditumbasne sepatu kanggo sekolah ing SMP. Amarga sepatune wis sesak lan ana sing wis suwek. Saben dina Senen tekan Setu, Ibu masak kanggo didol mbak Dewi lan Wuri ing sekolahan. Ora krasa wis sewu lan umur jagunge, Wuri matur marang Bapak, menawi panen jagung nyuwun sepatu. Bapak ngomong yen kudu nabung kanggo mbakyune sing arep kuliyah, menawa turah lagi ditumbasne sepatu. Wuri tambah sregep menyang sawah, ngrumati jagung. Supaya jagunge apik kabeh ora ana sing rusak lan cukup kanggo nabung Bapak, sukur bias turah kanggo tuku sepatu.
Kira-kira telung sasi ngenteni, saiki wayahe ngunduh jagung. Ing sawah, panas, kesel, lan akeh suket sing gawe gatel dilakoni Wuri kanggo ngrewangi Bapak lan Ibu. Ora mung kuwi, saiki gaweane Wuri nambah, yaiku ngurusi jagung wiwit ngonceki, meme, mipili, lan meme maneh. Wuri dongo ing jero ati supaya rega jangung mundhak dadi payu lan bathi akeh. Dina Setu awan Bapak ngedol jagung. Wuri seneng banget lan bungah banget nanging mung dipendhem dhewe. Malem Senen, Bapak nimbali Wuri babagan penjaluke biyen. Wuri kaget lan dheg-dhegan, amarga seneng banget. Bapak matur yen Wuri arep ditumbasne sepatu. Wuri banjur semaur karo mesem, Wuri matur nuwun marang Bapak. Jagung sing dienteni, sing di rumat kanthi premati, pungkasane ya ana asile. Asil kang becik. Wuri percaya menawa kabeh iki amarga usaha lan donga nemarang Gusti Allah.

2.      Amanat Carios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni”.
Wonten ing Carios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” menika wonten amanat ingkang saget dipundhut. Amanatipun inggih menika:
a.       Dados lare punika kedah sregep sinau supados saget ndamel Bapak kaliyan Ibu bungah.
Amanat punika saged digambaraken ing babagan Wuri ingkang sregep sinau saben dinten supados saget ndamel Bapak kaliyan Ibu bungah.
b.      Dados lare punika kedah bekti marang tiyang sepuh.
Amanat punika saged digambaraken ing sikap Wuri ingkang manut dhateng Bapak kaliyan Ibunipun.
c.       Dados anak niku kudu sregep mbantu tiyang sepuhipun.
Amanat punika saged digambaraken wonten ing sikap Wuri ingkang sregep mbiantu tiyang sepuhinpun uwur jagung wonten saben lan sregep mbantu mangsak ibuipun saben dinten.
d.      Menawi gadah kakerepan mundhut barang kedah usaha kaliyan ikhtiar dhateng Gusti Allah, mboten angsal manja.
Amanat punika saged digambaraken wonten ing sikap Wuri ingkang sregep mbiyantu tiyang sepuhipun ngurusi jagung wonten saben kersane Wuri saget ditumbaske sepatu anyar. Sanesipun sregep mbiyantu Bapak kaliyan Ibu, Wuri ugi sregep donga marang Gusti Allah kersane jagung ingkang dipun tandur Bapak saged  urip supados jagung kasebut saged disade kaliyan mangke asileaken arto ngkang katah, supados Wuri saged ditumbaske sepatu anyar.
e.       Dados lare punika kudu sholehah.
anak sholehah wonten carios punika digambaraken ing sikap Wuri ingkang sregep ngibadah kaliyan sholat.
f.       Tulung tinulung kaliyan gotong royong
Wonten ing cerios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni” menika wonten amanat tulung tinulung ingkang digambaraken wonten sikap kaluarga Wuri ingkang tulung tinulung kaliyan gotong royong uwur jagung wonten saben, kersanipun pakarya punika saged dipun pungkasi luwih gasik. Tulung tinulung ugi digambaraken wonten ing sikap Wuri, Dewi, Ibu, kaliyan Bapak ingkang tulung tinulung.
3.      Caranipun ngudi amanat carios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni”.
Kagem para pengasuh utawi Guru ngaturaken cerios nggih menika salah satunggaling kemampuan ingkang wajib dipun kuasai lan dipun gadhahi marang Guru. Ngagem cerios punika para pengasuh utawi Guru saged nularaken pangertosan kaliyan nanemaken nilai budi pekerti luhur ingkang efektif kaliyan lare-lare ingkang nampi kanthi bungah atinipun. Cerios nggih punika luwih nggadhahi kesan kaliyan nasehat murni, dadosipun cerios saged ngrekam memori lare-lare sedaya.
Metode ingkang dipun gunaaken kagem ngaturaken amanat saking cerios menika nggih punika metode Role Playing, sebab punapa amargi metode Role Playing menika bahan-bahan ajar saking pangembangan imajinasi kaliyan panghayatan para lare siswa kaliyan meranaken kayata tokoh ingkang urip utawi benda mati. Pameranan punika saged dipun lampahi langkung saking setunggal tiyang.
Dados, saking cerios ingkang sampun diaturaken Guru marang lare siswanipun babagan Jagung sing Dak Enteni, Guru saged ndawuhi para lare siswanipun nglakonaken cerios ingkang sampun dipelajari. Wonten ing Role Playing para lare siswa dilakokaken kayata subyek pambelajaran, kanthi aktif nglakokaken pratik-pratik tumrap babagan bebasa.
4.      Unsur Instrinsik wonten carios dongeng bocah “Jagung sing dak Enteni”.
Unsur instrinsik dongeng bocah ingkang judul “ Jagung sing Dak Enteni”
a.       Tokoh utawa uwong kang ana cerita dongeng kasebut
Ø  Wuri
Wuri nggih menika siswa kelas enem SDN 2 Manjung.
Ø  Dewi
Dewi nggih mbak kandung Wuri kaliyan Dewi siswa kelas tigo sekolah ing SMK.
Ø  Ibu
Ibunipun Wuri kaliyan Dewi.
Ø  Bapak
Bapaknipun Wuri lan Dewi.
Ø  Qorik
Rencangipun  Wuri.
Ø  Alpi
Rencangipun Wuri.
Ø  Reta
Rencangipun Wuri.

b.      Watak utawa karakter
Ø  Wuri
Watak        : sregep, nurut, ngajeni dhumaateng tiyang sepuh, sopan kaliyan santun, sae tumindake saha rajin ngibadah.
“Aku pengin ngrewangi Bapak lan Ibu kanthi tenanan, amarga ya mung pas prei aku bisa menyang sawah ngrewangi Bapak lan Ibu nyambut gawe”
“Saben Magrib, aku mesthi solat ana langgar”
Ø  Dewi        
Watak        : sregep, sae tumindake, tresno marang adiknipun kaliyan tiyang sepuhnipun, bekti dhumaateng tiyang sepuh.
“Weleh-weleh, iya Ndhuk, iya, sing akeh ya mae, ben wareg banjur tenagane gedhe. Anggone uwur jagung mengko saya rosa”.
“Iya, Ndhuk. Aku ya pengin ngrewangi Bapak lan Ibu maneh. Panas-panas kaya ngene ora ana sing ngrewangi. Gek ya mumpung Minggu, mumpung prei”.
Ø  Ibu
Watak        : tresno marang lare-larenipun, sregep, sabar, gemati.
“Bapak lan Ibu pancen sabar lan premati anggone ngolah sawah”.
“Esuk-esuk, naliko jago padha kluruk, kira-kira jam 03.00 WIB, lampu ing pawon wis murup, uga ana swara iris-iris, iki pratandha menawa Ibu nembe mangsak, ananging dudu mangsak sega lan lawuh kanggo dina iki. Pancen saben dina Senen tekan Setu, Ibu mangsak dagangan banjur digawa mabkyuku didol ing sekolahane”.
Ø  Bapak
Watak        : sabar, sregep, prigel, tanggung jawab.
“Bapak lan Ibu pancen sabar lan premati anggone ngolah sawah”.
“Mengko dhisik ya , Ndhuk. Bapak uga kudu nabung kanggo mbakyumu sing arep kuliyah. Ya muga-muga wae turah lan kowe bisa tuku sepatu”.
“Alhamdulilah, Ndhuk, yen kanggo tuku sepatu wae dak kira ya cukup”.
Ø  Qorik, Alpi kaliyan Reta
Watak        : setia
“Ayo, Wur, cepet mengko awake dhewe dadi petugas upacara”.
c.       Papan panggonan
Ø  Papan : griyanipun Wuri, saben, sekolah, langgar.
“Esuke, adan Subuh aku banjur tangi, terus solat. Sanajan adhem, rampung solat aku banjur menyang pawon ngrewangi Ibu lan mbakyuku mangsak”.
“Bapak lan Ibu isih uwur jagung, ya mung sepasang ora ana sing ngewangi”.
“Saben Magrib, aku mesthi solat ana langgar. Masjid cilik iku jenenge Al-Huda.
Kancaku, ya ana sing Magriban langgar, biyasane si Qorik, Alpi, lan Reta”.
Ø  Wanci : enjing, sonten lan dalu.
“Esuk-esuk, naliko jago padha kluruk, kira-kira jam 03.00 WIB, lampu ing pawon wis murup, uga ana swara iris-iris, iki pratandha menawa Ibu nembe mangsak, ananging dudu mangsak sega lan lawuh kanggo dina iki”.
“Saya suwe saya ora panas, srengenge sing ana kulon saya ndhelik.”
Ø  Dinten : setu, minggu.
“Pancen saben dina Senen tekan Setu, Ibu mangsak dagangan banjur digawa mabkyuku didol ing sekolahane”.




BAB III
PANUTUP
C.     Simpulan
Saking cerios “Jagung sing Dak Enteni”  kasebut, saged dipun trapaken dhateng lare SD, amargi lakon wonten jero cerios kasebut nggadahi watak prigel kaliyan sregep mbiyantun tiyang sepahnipun nyambut ndamel lan sregep slat ugi ngibadah supaya dados lare ingkang saged dimpekake dhateng tiyang sepahnipun kaliyan saged ditrapaken wonten lare-lare SD sedaya wonten ing kauripane.
Metode ingkang dipun gunaaken kagem ngaturaken amanat saking cerios menika nggih punika metode Role Playing, sebab punapa amargi metode Role Playing menika bahan-bahan ajar saking pangembangan imajinasi kaliyan panghayatan para lare siswa kaliyan meranaken kayata tokoh ingkang urip utawi benda mati. Pameranan punika saged dipun lampahi langkung saking setunggal tiyang.
Dados, saking cerios ingkang sampun diaturaken Guru marang lare siswanipun babagan Jagung sing Dak Enteni, Guru saged ndawuhi para lare siswanipun nglakonaken cerios ingkang sampun dipelajari. Wonten ing Role Playing para lare siswa dilakokaken kayata subyek pambelajaran, kanthi aktif nglakokaken pratik-pratik tumrap babagan bebasa.




























DAFTAR PUSTAKA


Anjarwani, Yuli. 2013. “Jagung sing Dak Enteni.” Solo Pos. 22 Agustus 2013


Tidak ada komentar:

Posting Komentar